Thursday, March 14, 2013

Cerito Cekak bahasa Jawa (Dolanan Tradisional)



DOLANAN TRADISIONAL



...Yo prakonco dolanan ning njobo
Padang bulan padange kaya rina
Rembulane e wis awe awe
Ngelingake ojo turu sore sore...
Yo prokonco yo podho mreneo
Rame rame ing kene suko suko
Langite padang sumebyar lintang
Yo podho dolanan sinambi cangkriman


Iku setugel sair lagu tradisional Padang Bulan sing saiki wis ora tau krungu maneh unine. Opo sing Sampeyan eling saka lagu tradisional kuwi?
Kanggoku kuwi lagu anak anak nalikane aq isih cilik mbiyen, sok sok aq mesam mesem dewe yen eling jaman aq isih bocah... dolanan karo konco konco lan nyanyi lagu kuwi.
Rasane lagi wingi ae aq isih dulinan bareng karo konco konco.

Tapi nyatane kuwi kabeh mung kari crito kanggo anak cucu e awak dhewe. Rasane kabeh koyo di ganteni karo lagu lagu lan dolanan anyar liyane (woco: zaman saiki). Lagu iki biasane di nyanyikno bareng bareng karo dolanan ing latar, playon utawa liyane. Opo maneh yen ono padang mbulan, kabeh podho metu soko ngomah njur dolanan bareng. Bocah lanang biasane njur dho dolanan Betengan, Patil Lele, Gasing, Nekeran, lan liyo liyane. Njur sing wadon dulinan Dakon, Bekel, Loncat Tali, Pasar pasaran, Anak anakkan, kadang nyampur playon bareng karo cah lanang, utowo dulinan bongkar pasang mbuh iku saka kertas to damen.

Sing tuwo podho ngumpul jagongan lan ngopi utowo ngedhep telo godhog karo pohong goreng, sok sok ono sing nembang lagu jowo Sinom utowo mung cangkriman thok ing dhuwur dipan utowo lincak karo nguwasi cah cah dulinan. Ibu ibu lan mbakyu mbakyu uga ra gelem kalah, kabeh melu njagong, nggosip dhewe dhewd mbuh opo sing di gagas.

Ono ae nganti rame kaya pasar...tapi kuwi kabeh nggarai kabeh katon raket lan nyemanak...nyenengake banget. Bedo banget karo saiki...kabeh podho ngurusi urusane dhewe2. Lagian jaman saiki papan kanggo dolanan bocah bocah wis do ora ono, kabeh wis dadi latar gedhe lan gedung2, dadi Mall2, dadi dalanan kendaraan sing soyo suwe soyo tambah rame ae, tambah nggawe sempit latar.,dadi saiki bocah2 dulinane yo wis melu ganti, adaptasi karo kahananne saiki..yo dulinan komputer, play station, tamiya, 4x4 mini, utowo dulinan tumpak tumpakan sing nang mall...jan buedo banget bocah saiki karo mbiyen...saiki arek2 mung dijejeli sinetron ora ndidik, la piye iso diarani ndidhik wong isine wong bengok2 tok lan kekerasan liyane,..oalah ndonya2 piye nasibe bocah2 iki mengko yo? njur piye ugo nasibe pakaryan jaman mbiyen yo koyo dolanan tradisional kuwi, lagu lan tembang2 daerah ugo wis ora patiyo krungu. Kiro kiro piye yo carane supoyo kabeh mau iso paling ora bertahan utowo sik di kenal marang bocah2, ora mung dadi cerito lan sejarah tok?
Disqus Comments