Loro Setengah Yuta
Cerita Cekake Suryadi WS
Kanker.
Sapa ora miris krungu jeneng iku. Kalebu Sarmin, nalika dokter Mahmud paring katrangan ing rumah sakit. "Mas, bojomu kena kanker payudara. Lan wis rada kasep. Aku ora meden-medeni, nanging iku perlu enggal dakkandhakake marang sliramu, demi kamulyanmu sakulawarga."
"lsih kena diusadani, Dokter?" takone Sarmin miterang. "Mesthi wae isih. Nanging mung ana wektu setengah sasi. Kliwat saka iku, aku sakanca wis ora wani tanggung, awit oyod-oyode wis saya nyebrangmrana-mrana."
Alus tembunge dhokter Mahmud, nanging iku keprungu kaya bledheg ing kupinge Sarmin. Notoling ati njalariora sungkan-sungkan takon, "Wragade bisa tekan pira, Dokter?"
"Aku durung bisa netepake kanthi gumathok. Mungancer-ancer, maju mundur nem yuta."
Nem yuta. Cacah iku gumawang bola-bali ing dhadhaneSarmin. Nem yuta. Sajrone setengah sasi. Jagad kayakebegan kukus kumendheng nalika dheweke mulihmboncengake Sarti, bojone sing ditresnani.Nganti tekan ngomah. Nganti nalika padha mangan. Lannganti nalika padha mapan turu. Rasane kaya lagidikepung setan galak ing endi-endi papan: ing cagak,ing jendhela, ing lawang, ing usuk Ian blandar, patingpentheleng sumedya nggrogoti uripe Sarmin sakulawarga."Ora susah miris ya, Ti," guneme Sarmin ngreripihbojone amrih bisa sumeleh atine."Ora kok, Kang. Aku mung sumarah. Pati urip rak GustiAllah sing wenang nata.""Lha, ngono, Ti. Pasrah ing Allah. Sing baku, kitasetiyar sabisane."
"Ragade pira, Kang? Celengane mung ana patang yuta.""Aja kuwatir. Muga-muga ana dalan."
Iku rerasane. Nanging beda maneh batine. Daging warasdiodhel-odhel, sapa wonge ora miris. Iku batine Sarti.Kepriye carane golek dhuwit kanggo ngganepi nem yuta?Iku batine Sarmin. Mangka samono iku durung kapetungwragad mondhoke ing rumah sakit, sing jarene selaweewu sedina. Banjur kudu pirang dina mondhok ing kana?
Sapira banggane sopir truk kaya Sarmin kanggo golekdhuwit semono akehe sajrone limalas dina?
Sajrone nganam pikiran nganti tekan subuh, wekasaneSarmin nemu akal. Arep utang dhisik marang juragane.Mula esuk iku dheweke budhal menyang Sala, nemonijuragan Marta."Aja kok sengguh aku ora percaya marang kowe, Min,"ngono wangsulane juragan Marta. "Nanging utang semonoakehe iku bakal ngribedi pikiranmu dhewe."
"Lajeng kados pundi, Pak. Mangka kawontenanipun estrikula sampun gawat sanget." "Iya, aku ngerti. Lan aku ya ora bakal rningkuhmbiyantu kulawargamu. Karepku ngene, Min. Aku mentastampa pesenan ngangkut barang menyang Bali, nganggotruk gandhengan. Ongkose patang yuta. Njur baline
ngangkut maneh saka Banyuwangi menyang Yogya, telusetengah yuta. Iku rak nyandhak pitu setengah yuta.Bageyanmu sing loro setengah.Lha rak wis nyukupi sing kokbutuhake. Ning ya kuwi,telung dina engkas kudu kokangkati, cocog karopenjaluke sing pesen."Rada entheng pikirane Sarmin, sanadyan ana ngganjele. Yen telung dina maneh budhal, apa mengko bisa nunggonioperasine Sarti?
Nalika dheweke kandha marang bojone, sakala Sartinangis mingseg-mingseg. "Kang, apa kowe wentalaninggal aku sajrone operasi?" ngono sebute Sarti ingselaning tangise."Nanging ya mung iku dalan sing ana, Ti," panglipureSarnin kanthi sabar, "mengko rada dakrikatne, ben bisanunggoni operasimu."
"Ya wis sakarepmu, Kang. Waton kowe bisa balisadurunge dioperasi.""Muga-muga bisa, Ti. Lan sadurunge aku bali, kowe arepdakpasrahake Dhik Sarna."Sarti manthuk nyetujoni. Lan kanthi landhesanpetung-petung iku, esuke padha nemoni dhoktere.Sarti wiwit dipriksa. Ditlusur riwayat penyakitsadurunge, ditliti kadhar gulane, hemoglobine, Iankabeh kang ana gandhenge karo keperluan operasi.Wekasan ditetepake, operasi katindakake dina Senen jamsangalas. Kurang sewelas dina? Apa Sarmin wis bisabali?Ing kamar nomer wolu zal B, Sarmin pamitan bojone,kanthi swara pegat-pegat kaya wong arep parnitan lungamenyang akerat."Sarti, sing tatag ngadhepi cobaning urip."Mung iku kang kawetu. Nanging ing burining tenggoksemumpel sewu tembung liyane kang kandheg dening rasangondhok-ondhok, "Sarti, lagi limang taun aku Ian koweurip bebrayan. Apa bakale mung tekan kene? Mangkaanakmu isih cilik. Apa kira-kira dhokter Mahmud bisanylametake uripmu?"
Kabeh iku ora kocap ing lesan, mung kelair dadi eluhkang mbrebel saka pojoking mripat. Sarni tanggapmarang pangrasane bojone, temah kawetu tembungpanglilihe, "Kang, aku wis madhep mantep kok. Aja wassumelang atimu. Urip iki ana sing yasa Ian ngukut,mula ayo kabeh iki dipasrahake marang Kepareng-E."lku mung panglilih amrih bojone ora mandheg mangu.Nanging ing buri tenggok isih akeh tembung sing orawentala diucapake. Brebeling eluh ing pipi kuning ikudadi sulih tembunge Sarti, "Kang, mung samenirpangarep-areping uripku. Upamane kamar operasi ikudadi lantaran patiku, sepira banggane rnanungsa arepnduwa. Atiku wis daktata kanggo ngadhepi lelakon iku.Kang, kowe darbe wenang tumrap awakku, nanging GustiAllah luwih wenang tinirnbang kowe."Pipi kang kebes iku diarasi Sarmin, tanpa isin marangadhine Ian wong-wong kang padha nunggoni. Banjurweling marang adhine, "Sarna, mangsa borong anggonmungreksa mbakyumu. Aku arep mangkat."Sarna mung manthuk, ora bisa kumecap meruhi lelakonekakang Ian mbakyune ipe.Dina-dina candhake, ragane Sarti Ian Sarmin wis pisahadoh, nangging atine kempel dadi siji. Ing ndhuwurtruk gandhengan kang dikemudheni, Sarmin rurnangsaweruh wenteh citrane Sarti kang gumlethak ing kamar,ngenteni sangat kang gawe girising ati. Lan ing kamariku, Sarti tansah katon-katonen Sarmin ketantinganlumawan oyaging montor kang dadi sanggemane. Mungmenyang Bali parane, mung seminggu semayane, nangingrasane kaya arep lunga menyang sanjabaning bumi,kendhang ora bakal bali ketemu. Apa iki mungprentuling rasa tresna kang wus manjiwa?Klemar-klemer lakune dina, tanpa maelu notoling ati
kang padha ngenteni. Nanging akire tekan dina kangdisemayakake. Dina Senen jam wolulas kliwat telungprapat. Limang menit maneh Sarti bakal digledheglumebu kamar operasi. Lampu-lampu emperan wis padhamurub pating pengangah kaya geni neraka. Mesingenerator kang mligi kanggo operasi wis nggereng kayakawah neraka kinebur. Lan jantunge Sarti kedhergumludhug kaya diocak-ocak setan. Mingkem lathine kangpucet, nanging batine nguwuh, "Kang Sarmin, akukancanana, Kang. Geneya kowe durung teka kene?"Lan nalika rodha gledhegan wis nggleser ninggal kamarnomer wolu, batine nguwuh sora, "Kang, aku untapnamenyang alam kubur."Sarti lan kang padha nunggoni ora ngerti yen wektu ikuSarmin lagi mbandhangake montore ing dalan gedhe.Sedhela-sedhela ngungak jam tangane. Wis jam wolulaskliwat telung prapat. Sesek diesuk-esuk pisambatemarang Sarti, "Oh, Sarti, wis daksengka lakuku nangingkepeksa ora nyandhak. Mesthine kowe wis digledhegmenyang kamar operasi, nanging lakuku isih kuranglimang kilometeran. Ah, Sarti, nadyan ora menangibudhalmu mlebu karnar, nanging dakajab bisa meruhiawakmu metu saka kono. Sarti, ganepe dhuwit operasiwis dakkanthongi. Loro setengah yuta."Kaya mabur-mabura lakune Sarmin, kasurung sumengkaneati. Awak sayah kurang turu ora krasa maneh, awit kangkaton mung blegere Sarti ngathang-athang tanpa klambidiblerek Ian diguntingi. Atine mak cles kaya disirames nalika gumebyare lampu-lampu rumah sakit wis katoning kadohan. Ah, telung menit maneh sikil iki wistumapak ing tegel emperan. Kari nunggu jumedhule Sartisaka kamar bedhah. Rasane kaya arep methuk widadarisaka ndhuwur mega. Iba kaya ngapa.Lakune saya dirikatake. Sikil tengen mancal gas amrihora kedhisikan lampu prapatan kang wis kuning. Sarminarep menggok dalan kang tumuju rumah sakit iku."Rrrngngng."Dumadakan: "Dherrrr!"
Buk bengkah.Wit sengon pokah.Truk pecah.Getih wutah saka awake Sarmin. Nanging Sarmin dhewe
tetela wis ora bisa ngrasakake.Sangat iku jam sangalas kliwat. Ana bledheg nyamberbanter kena dhadhane Sarna, tanpa diawali mendhung lanudan. Mripate mlolo mulat ragane kakangne kang diusung
mlebu rumah sakit. Sakala mbengok sora, "KangSarmiiin!"
Lan ing jero kamar operasi, pakaryan terus lumaku.